Sawise dalan-dalan ngecembeng
angin lagi gelem mbisiki
karo ngempet kembeng
Kembang-kembang uga lagi ngerti
ing tengahe grimis
jebul kowe nangis
Oh, adhi
Aku kasep ngerti
kokajak aku dolanan banyu
jebul kanggo nutupi netese eluhmu
Oh, yayi
Ing antarane tumetese grimis wengi iki
daklari eluh tulus kang suci
Jebul isih durung bisa dakprangguli
endi wersa?
endi waspa?
Lidah Wetan, 31 Oktober 2019
