PATEMON ING KALI LUSI

122 1 0
                                    

Aku wis sangu saunting geguritan
Ing pangajab kowe lan aku bisa lungguh sesandhingan
maca irah-irahan endi sing koksenengi
kanggo nglipur ati kang sepi

Kowe milih geguritane Pak Suripan
Aku maca Kali Lusi kang dadi irah-irahan

Saka sorot mripatmu
Kowe nyawang aku kang lagi maca kanthi mesem semu
Iki geguritan kanggo sliramu
Iku ati apa kanggo aku?

Dakrampungi patemon iki kanthi maca tembung-tembung kang rinonce saka ulat guwayamu
Tembung-tembung kang tinulis pangeran ing kanvas wandamu
Aku ngerti iku sasmita
sasmita kang ora perlu daktakonake marang sliramu werdine apa

Sugeng enjing, Nimas, sugeng enjing
Geguritan esuk iki muga ndadekake kowe tansah eling
Geguritan esuk iki sing mbesuk bakal nggeplek pundhakmu: aku sing ora bakal pangling, ra bakal pangling

Lamun mbesuk aku lan kowe sapajagong kanthi irah-irahan geguritan kang wis beda
iku lakon kang kudu dilakoni
ngeli nut ilining banyu Kali Lusi

Sidoarjo, 2019

GrimisTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang