ana sasmita lungit kang ginurit
nalika jarweng janma
dadi ukara patanya
kumbakarna mudhun saka leburgangsa
apa sing dibela?
wangsa, apa iya?
ana werdi kang siningit
nalika janma kang koncatan jiwa
dadi cangkriman lan kudu dibatang
wong yen wis mati
ninggal apa?
menyang endi?jarweng janma
janma jinarwa
wong
wong prawira kebak ing laku
lakune janma kang koncatan jiwa iku
mati
mati alabuh negarapadhepokan sawunggaling, 2014
