anakmu mulih nggawa getih palagan
saka sakehe paprangan anakmu kasoran
tan bisa mesu hawa nepsu
mung wirang kang kagawa mlayu
tumuju ing dlamakanmusaka garbamu lelakonku dadi crita
saka garbamu aku bisa ngadeg jejeg
dina iki, esuk iki aku bali
nggawa sewu tatu anyar
ngandhut crita kang durung kababarsaka mandrawa esemmu wus nyegat
nampa baliku tumuju pangkonmu
"nyedhaka ngger, tatumu isih bisa dakusadani"
bebasan tembung andayani gurit-guritmu
ginurit rinakit dadya donga-donga
kang tansah mbumbung ing angkasadina iki, esuk iki
sun sumembah ing pepadamu
nyadhong donga lan pangestu
bisaa dadi jimat paripih
tansah nelahi lan ngreksa lakukupadhepokan sawunggaling, 2013
