LALI BALI

150 1 0
                                    

lemah sing takambah iki anget
ora padhas
ora panas
aweh rasa ayom ayem
nalika sikil kecocok krikil

adhem iki krasa ora aeng
nalika angin sore nyempyok grana
ana ganda kang prasaja
saka kawulane brawijaya
sajak weneh sasmita
tabet tatu kang ginawa mlayu
" aku mandheg ing kene! "

yen ing jawa wis kebak wali
banjur padha mlayu ing endi?
baita kang tumuju samodra
dadi seksi manunggale gusti
lemah iki anget
rineksan para dewa

padhepokan sawunggaling, 2013

GrimisTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang