saka kedhepe netramu
aku wis kelangan teges
luh kang awujud banyu
saiki saderma mili teles
tanpa teges
saka panyawangmu ing wengi iki
dudu sunare rembulan nanggal sepisan
sing gawe sengseme atimu
nanging malah ewon lintang ing tawang
kang kasil nggodha
ngreridhu netramu
yen wis titi mangsane
rembulan ora mung katon sajlarit
cahya purnama bakal ngegla wingit
sewu lintang uga bakal morat-marit
bebarengan atimu kang njerit
ah!
jebul njeritmu isih tanpa teges
padhepokan sawunggaling, 2014
