Kartini

3.9K 49 6
                                    

Kartini

Wanodya ayu hambeg utami

Nadyan piningit

Gegayuhane sundhul langit

Nenggih sang pahlawan emansipasi

Kartini

Tuhu musthikaning jagad

Hambudidaya kamardikaning rakyat

Golonging tekat

Hangruwat kodrat ngluhurake drajad

Kartini

Putri Indonesia kang sejati

Lumantar seratan mangsi

Angentas kasangsaraning wanita nagri

Antuk pakurmatan langkung utami

********

Foto saking google

Wanita jaman samangke saget kasembadan sadaya gegayuhanipun awit saking jasanipun RA Kartini

Semangat kagem kartini-kartini Indonesia ngadhepi jaman globalisasi.  💪💪💪

Ampun supe vote-ipun. Langkung prayogi dipun follow supados saget mangertos karya sanesipun. Nuwun.

Rahayu.
Pakshe

Kumpulan GeguritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang