Kaswargan Jati

1.3K 12 1
                                    

Mapak cahyane sang Candikala

Lungguh ing pinggir samodra

Natap ombak aluning segara

Deres mili banyu mata

Kudu ngrilake lungamu wingi

Netepi garising pepesthi

Sowan ngarsane Hyang Maha Suci

Manjing ing kaswargan jati


Siyang ratri atur puja lan sesanti

Ngidung mantra konjuk Kang Maha Kuwasa

Ing pangesthi Gusti paring pangaksami

Mugi andika mapan ing kraton swarga.

**********


Geguritan menika kagem swargi bapak kula. sampun kadamel lagu.
Mugi mranani penggalih

Pakshe.

Kumpulan GeguritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang