Ati Kang Sepi

1.2K 21 0
                                    

Nalika sepi kandheg ing pucuking wengi

Nambahi kekes jroning ati

Nglaras rasaku nyawang lelakoning uripku

Dak piyaki lembar-lembar kenangan

Priya kang nate cumondhok ing pojoking ati

Tau nyirami kembang-kembang katresnan

Saiki wus ora ana

Pelangi atiku wus sirna kegawa ngimpi

Angen-angenku kepunggel ing gunem

Sliramu medhot talining asmara

Gawe tatu ngrerujit ati

Dak sawang langit wengi iki

Katon sepa... samun...

Lintang sumebar dadi kembanging tawang

Ora bisa gawe bungah rasaku

Wulan purnama kang nedheng kekalang

Ora bisa madhangi atiku

Sambatku ngrerintih marang angin wengi

Supaya bisa amberat pedhut jroning ati

Aku tansah hangadhang tetesing embun

Ing pamrih bisa nelesi ati

Dene wus sawetara wanci kasatan rasa

Bisaku amung pasrah tumadhah angon kalamangsa

Kapan titimangsane ati kang sepi antuk usada

********

Pakshe

Geguritan patah hati. semoga berkenan membaca..

saya sangat menghargai vote dari anda.. terima kasih
😊🙏

Kumpulan GeguritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang