NGENTENI

2.3K 24 3
                                    

Nalika udan kandheg ing pucuking wengi

Lon-lonan sumilaking mega jumedhul sang sitoresmi

Ing tawang katingal padhang hanerawang

Sumebar kerlap kerliping lintang

Eling marang manis esemmu

Jatmiko solah bawamu

Nalika nggandheng tanganmu

Mekar kembang katresnan jroning kalbu

Gilir gumanti wektu trus lumaku

Anggone sesambungan rasa kudu pepisahan

Aku mung bisa pasrah nglilakke lungamu

Anggonmu kepengin nggayuh gegayuhan

Swasana sangsaya katon sepi

Semilir adheme angin wengi

Secangkir kopi dadi kanca sejati

Nggujengi kakune ati

Abure konang metu saka pandhelikan

Saya ngambara jroning alam palamunan

Ngendhem rasa setya marang janji

Tansah ngenteni anggonmu bali

************

Dinginnya malam membuat galau..

😁😁😁

Pakshe

Kumpulan GeguritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang