Esemmu

2.3K 56 10
                                    

Esemmu

Ginurit ing atiku

Tinulis sak dawaning dalan

Anggonku munggah gunung mudhun jurang kasangsaran

Kepengin ngranggeh manising rasa katresnan

Tangisku....

Dadi kidung jroning palamunan

Nggoleki larasing rasa kang nglembara

Gilir gumanti lakune rodha wektu

Ngancik pitung mangsa ketiga

Durung bisa manggih kang tinuju

Angles kekes kembang ing taman ati

Ngenteni ebun tumetes anelesi

Impenku tak gegem

Angen-angenku tak pendhem

Nganti parak esuk pajar sumunar

Esemmu ing awang-awang

Tangisku katut angin angaleyang

**************

Kalo sudah baca di vote ya...
Di koment juga boleh.. kritikannya sangat berguna.

😊😊

Pakshe

Kumpulan GeguritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang