Ibu

6.1K 84 24
                                    

Ibu

Pangorbananmu kaya bumi pertiwi

Nadyan dipilara, dipaculi malah nukulake wiji

Kanggo panguripane sagung dumadi

Kanthi sabar anggonmu angreksa

Nggembol sangang sasi sepuluh dina

Kabeh lelakon, kabeh lelara ora dirasa

Ibu...

Asihmu kaya gebyaring lintang ing akasa

Gawe endah kahanan donya

Lumunturing tresnamu kaya aluning samodra

Sambung sumambung tanpa kendhat

Anggonmu nggegulang marang para putra

Dongamu tansah lumintu anggiring kabeh gegayuhanku

Ibu...

Welasmu kaya soroting candra ing wanci dalu

Tansah paring obor ing pepeteng

Nalika anakmu susah ora kendhat paring pitedah

Nalika putramu luput tansah paring pangemut

Kareben uripku ora kalang kabut

Ibu....

Sewu atur ora bakal cukup

Bandha donya ora bakal nutup

Kanggo ngganteni katresnanmu

Amung esemmu kang bisa gawe padhange atiku

********
Katur kagem ibu...

Pakshe

Kumpulan GeguritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang