Ambyar

1.4K 20 7
                                    

Tak piyaki impen ing wanci sepi

Siji mbaka siji ora ana keri

kabeh lelakonku wingi

Lathi mesem nanging mata mbrebes mili

Angin wengi semilir nyebit ati

Eling taman endah kang nate tak liwati

Wus dadi dalan rumpil kebak krikil gruwil nancep sikil

Kembang wangi kebak eri marung mbeset ati kang bingung

Telung taun lawase sesandhingan

Janji prasetyamu jebul lelamisan

Tresna suciku temah muspra

Sliramu medhot talining asmara

Buyar.... ambyar....

Keranta-ranta jroning dhadha

Remuk rempu

Ajur tanpa gatra jroning kalbu

Tatu iki ngrerujit ati

Gawe tabet kang ora bisa disingkiri

Impenku buyar...

Angen-angenku ambyar...

Tresnaku tak regem

Rasaku tak pendhem

Tansah rila narima pasrah sumarah

Napaki garising pesthi takdiring Gusti

*******

Pakshe

suwun. jo lali vote... 😁 👍

Kumpulan GeguritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang