Corona

2K 91 38
                                    

Tekamu tanpa kandha kandha
Tansah gawe ati tratapan
Mula bukamu saka Cina
Saiki wes sumebar sadhengah papan

Apa iki arane jaman wes tuwa
Bumine katon rengka
Bebendu maneka warna
Akeh virus sing nggawa nyawa

Corona....
Pranyata mbebayani tenan
Merga kowe akeh sing dadi korban
Anane pandemi iki akeh sing padha mati

Corona...
Mbok yo uwis...
Aja wengis wengis...
Akeh sing padha giris miris...
Enggal sumingkira...
Kareben donya iki bali tentrem mulya..

                      ********
Pakshe

Semoga sesuai permintaan... 😊
makasih.. jangan lupa vote nya.

Kumpulan GeguritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang