Kasedan Jati

1.5K 22 2
                                    

Langit jingga ing keblat kulon
Surup surya kelem ing samodra
Surem cahyaning gumanti wengi
Murud ing kasedan jati

Wus kondur mring asal mulanira
Marak ngarsa Kang Maha Kuwasa
Mugi langgeng ing kaswargan jati
Tansah sumandhing ing Gusti

Rina wengi amung tansah ndedonga
Kalis sakehing siksa neraka
Mugi Gusti tansah paring ngapura
Mapan ing swarga tundha sanga

****************
Geguritan ini saya persembahkan untuk alm. Ayah saya yang sudah tiada.

Sudah di buat lagunya

https://youtu.be/78AFA_PiUyE

Sugeng mirsani. 😊

Pakshe

Kumpulan GeguritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang