Gumregah

927 15 5
                                    

Hangidung mantra suci asmaning Gusti

Atiku tansah tumungkul pasrah sumarah

Nalika sliramu medhot talining asmara

Ing saben wengi mripat iki angel turu

Fajar esuk ing bang wetan kluruking jago keprungu

Angin midid adhem atis sing dak rasa

Tansah nambahi kekes jroning nala

Udakara wus rong mangsa sliramu lunga ninggal lara

Lali anggonmu nate janji prasetya


Mulat panandhangku sing ngenes iki

Udan tangis jroning ati bakal dak sigeg

Kabeh lelakonku dadi piwulang

Aku bakal tangi gumregah

Ra bakal nduweni ati kang sedih

Ra bakal nduweni jiwa kang ringkih

Ora bakal ambyar merga rasa tresnaku

Mara gage sawangen... lara atiku dadi semangatku

Apa dikira aku ora bisa luru gantimu ??

Hidayah kanggoku bisa uwal saka sisihmu.

******

Pakshe

Semoga membantu.
Permintaan dari cocozny 

Geguritan sandi asma  Hanifatul Mukarromah.

kekes/atis      = dingin
nala               = hati
midid             =  semilir
mulat             =  melihat
panandhang =  penderitaan
sigeg              =  di putus/ hentikan
uwal              = terlepas
prasetya        = janji

Jangan lupa tinggalkan jejak.
terima kasih. 🙏😊

Kumpulan GeguritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang