Mahargya Taun Anyar

2.6K 25 3
                                    

Gilir gumanti rina lan wengi
Ora krasa setahun wus lumadi
Susah seneng ngguyu mbrebes mili
Kabeh dilakoni

Ombaking panguripan
Gebyaring kahanan
Sak kedheping netra
Saiki amung dadi crita

Wektu ora bisa bali
Dina kepungkur amung dadi tutur
Muga dadiyo tolok ukur
Kareben bisa diatur
Anjangka angen-angen luhur

Mahargya taun anyar
Langit wengi katon asri
Perciking geni cumlorot wutah ing akasa
Byar padhang sumunar
Gawe suasana bingar

Kemriciking banyu nelesi bantala
Kasambut endahing baskara madhangi donya
Dadya embun nyenyeger suasana
Lembar anyar binuka
Reroncening angen-angen ngumbara
Mula...
Tansah angidung mantra
Ndedonga, reresik jiwa
Warsa enggal kang teka
Binerkahan sang Maha Kuwasa

Kumpulan GeguritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang