Hidayah Dadakan

74 0 0
                                    


Jarum jam wis nuduhake setengah loro isuk. Oh ya sakdurunge kenalno jenengku  Ahtisa Putri Merduani, bisa di celuk Ahtisa. Aku dadi mahasiswa semester 3 ing salah sawijining universitas ing Jakarta. Wengi iku aku lan kanca-kancaku metu saka diskotik karo kahanan sing acak-acakkan. Wis biasa mahasiswa ing jakarta kaya aku ngene dolan menyang diskotik.
“ hahaha… bengi iki pancen bengi sing apik yo rekk” tutur kancaku “ haha ya pastine, wis suwe kita ora menyang diskotik lan ngombe-ngombe kaya mau” jawabku karo kahanan separuh sadar amarga kekathahen ngombe bir ing diskotik mau.
Akhire aku kalian kancaku podo mbalek menyang omahe dhewe-dhewe. Sanadyan karo kahananku sing kaya ngene iki aku pancet netepake kanggo mulih, rasane awakku wis pegel kabeh.
Ora suwi aku wis tutuk ing omah. Sawise aku ngelebokake mobil ing garasi,tibane wis ana ibu ing ngarep lawang omah sing ngenteni aku mulih. “ Ahtisa, kowe wis kerep mulih bengi bengi kaya ngene” ibu ngandika karo wajah emosi “ ana masalah?” jawabku karo nada kethus
“ ya mesti nduk,kowe iku anak wadon ya ora pantes mulih bengi. Klambimu pisan kok ya kaya klambi kurang bahan toh nduk ndukk” pituture ibu karo nada sing rada nyentak. “ iki iku klambi modern regane ya larang atusan ewu, lek ora ngerti tren wis menengo wae” jawabku karo nyekeli klambiku sing endek kuwi “ wis ta bu aku ta turu aja rame wae, biasane ibu ya ora tau ngereken aku” panambahku karo mlaku nang kamar ninggalake ibu dhewe.
Aku dadi bocah sing kaya ngunu amarga ibu lan bapakku pegatan pas aku isih cilik,lan ibuku luwih milih nyawisake wektu ing kantor. Amarga iku aku kaya bocah sing kurang perhatian mangkane dadi mbedal lan nakal kaya saiki.
Esuk e srengenge isih durung katon, “Tok tok tok.. Ahtisaa Ahtisaa.. “aku krungu ana sing ngetok lawang kamarku saka njaba lan nyeluki jenengku “sapa kuwi ing njaba?” pitakonku karo bengok bengok “ iki ibu nduk, ayo sembahyang shubuh bareng nduk” wangsulane ibu saka njaba “ wegah, sembayango dhewe wae,aja ganggu turuku “ jawabku karo nerusno turuku
Ora suwe aku tangi lan ndelok jarum jam wis nuduhake setengah sepuluh isuk. Amarga aku ngerasa luwe aku tangi teko kasur kanggo mudhun menyang pawon. Aku mung mbukak lawang kamarku, wis ngambu aroma sing nggarai aku keluwen. Aku penasaran lan langsung mudhun nggoleki asal-usule mambu sing enak kuwi. Ing pawon aku weruh ibu lagi masak, wis suwe aku ora weruh ibu masa king pawon.
“loh nduk wis tangi ta? Kene nduk ibu wis masakno iwak senenganmu cah kangkung lan sambel goreng ati. Ayo sarapan bebarengan” tawane ibu .“ora perlu,aku isih durung luwe. Ora biasane ibu masak ing omah, biasane jam yamene wis ana ing kantor. Lali yen isih ana bocah ing omah” wangsulku karo nada nyindir . “ ora ngunu maksute ibu nduk. Ibu lagi prei kerja e,kita wis suwe ora mangan bebarengan” jawabe ibukku. “ halah wis alesan wae” celathuku karo mlaku ngadoh teka ibu .“Loh nduk kowe arep menyang endi?” pitakone ibu karo ekspresi bingung. “kamar” jawabku cekak.
Wis rada suwe aku ana kamar. Kanca raketku seng jeneng e Nanda dumandakan telfon aku. Dheweke podo wae kaya aku sing senengane bolos kuliah,senengane metu bengi, ngombe-ngombean,nanging masio ngunu iku dheweke dadi nggen curhatku pisan. Dheweke ngajak aku menyang diskotik jam sepuluh bengi engkok, bareng karo kanca kanca liyane. Dheweke engkok ya njaluk susul menyang omah e pisan. Akhire jam lima sore aku mudun nang pawon agawe golek panganan amarga wetengku wis luwe. Untunge ora ana ibu. Sakmarine mangan aku langsung nang jading kanggo adus. Mari adus tibakne wis ana ibu ing ruang tamu. Dheweke ngajak aku gawe melok pengajian ing komplek jam enem sore iki. “ Ahtisa nduk, ayo melu ibu menyang pengajian rutinan ing komplek engkok” ibu ngandika .“ jam piro?” pitakonku karo nada males.“ jam enem sore iki, ing omah e bu lurah” wangsulane ibuku. “ oraa wes wegah aku gabung bareng wong sing tuwek-tuwek. Aku ya kate metu engkok” jawabku karo ngadoh munggah menyang kamarku
Tak sawang jarum jam wis nuduhake jam sanga bengi. Aku wis arep cepak-cepak, bengi iki aku nggawe kaos oblong sing ketok separuh wetengku karo nggawe celana jeans motif suwek-suwek. Sakwise dandan aku mudun gawe manasi mobilku sing ana di garasi. Dumandakan ana ibu ing ngarep lawang.“kowe arep menyang endhi Tisa” pitakone ibu . “ aku arep dolen, wis aja ngenteni aku mulih” jawabku karo ngetokno mobil saka garasi. “ wis aja budal iki wis bengi engkok lek ana apa-apa ing dalan ya apa?, klambimu iku pisan ora duwe celana maneh ta kowe, celana suwek-suwek kok ya mbok gawe wae” protese ibu kaliyan nada sing ora enak . “ halah wong ya ora ana apa-apa. Iki iku celana sing lagi hitz wes ta aja nyocot wae” jawabku karo ngeyel. Sakwise debat akhire aku budal nyusul kancaku Nanda.
Sakmarine aku nyusul Nanda, aku karo Nanda budal menyang diskotik. Aku nyetir mobil rada ngebut soale dalane rada sepi. Kira-kira setengah jam aku wis teka ing diskotik. . Kahanan ing njero diskotik rame  banget,akeh,lampu-lampu warna-werni sing ngiasi ruangan iku. Ing kunu wong-wong kumpul dadi siji ora pandang umur teka sing enom sampe sing tuwek ya ana, kabeh padha seneng-seneng lan njoget bareng dibarengi karo lagu diskoan.. Aku lan Nanda pada-pada nggoleki kanca liyane. Ora suwi akhire aku lan Nanda ketemu karo kancaku liyane. “He rek wis suwi ta kowe ana kene?” pitakonku marang kanca-kanca.“Ora suwi kok Tis santai wae” jawabe salah siji kancaku.“ ancen Nanda lek dandan suwi hahahah” guyonku akhire kabeh pada ngguyu. “ wis wiss,ayo padha seneng-seneng nang kene” .Akhire aku katut marang suwasana ing njero diskotik iki mau. Wis ora iling apa-apa aku mbaur kaliyan kanca liyane gawe njogget bareng lan euphoria ing kunu.
Wis ora keitung aku ngombe pirang gelas,tapi rasane sirahku wis ngelu lan mumet. Akhire aku mutusake gawe lungguh ing mburi. Rasane awakku wis remek kabeh amarga saking senenge joget iku mau. Ora kerasa pas aku ndelok jam tanganku tibakne wis jam setengah telu isuk. Amarga aku wis ora kuat karo kahananku sing kaya ngene,aku netepake kanggo mulih. Aku mulih dewean, amarga Nanda isih betah ana ing kunu.Sakwise aku metu teka parkiran, aku sing kahanane mabuk lan sirah ngeku aku tetep nyetir mobil dhewean. Masio aku mabuk aku tetep nyetir karo kecepetan sing dhuwur soale dalane rada sepi. Ora suwi iku, aku ilang kontrol amarga mataku burek lan sirahku mumet.“ ciiittttttt……ciitttt..citttt Brraakkkkkk” akhire mobilku oleng lan nabrak wit-witan sing ana dipinggir dalan. Saknalika aku ora sadar diri lan nyebabake sawetara cabang wit ambruk ing mobilku nganti mobilku ajur. “ Ahtisaa…” swara iku krungu jelas ing kupingku, swara iki ora asing ya ora salah maneh iku swara ibukku. Karo alon-alon aku mbukak mataku,karo sesambungan kabur aku weruh pasuryan ibu sing sedih. “Ahtisa kowe wis sadar toh nak? Apa sing mbok rasakake?” pitakone ibu kaliyan ngapus banyu mata e.“iki ana endhi ta bu?” karo ekspresiku kebingungan.“kowe ana ing rumah sakit nduk,wis rong dina kowe ana kene” jawabe ibu. Saknalika aku iling babagan kacilakan iku.
Wis ana seminggu aku ana ing rumah sakit. Esuk iki dokter dhawuh lek aku wis bisa mulih. Perban sing ana ing tanganku wis bisa di copot lan sirahku wis ora loro maneh. Aku wis rumangsa wis enakan kaya biasane. Sakwise di dhawuhi marang dokter,aku lan ibu cepak-cepak agawe mulih menyang omah. Aku ya wis bosen ana ing rumah sakit..“Kringg… kring” swara jam wekerku nggarai aku kaget lan ambruk saka kasur. Tak delok jam wekerku nuduhake jam pitu isuk,aku lali lek aku nduweni jam kuliah isuk. Akhire aku mencolot teko kasur lan cepak-cepak gawe budal kuliah .“Ahtisaa.. sarapan dhisik” kongkone ibu. “ ora wis, aku mung njupuk apel wae” karo mblayu menyang ngarep omah.“ati-ati nduk,aja ngebut” akhire aku budal menyang kampusku.
Nalika aku teka ing kampus aku langsung melbu kelas. Untunge ing njero kelas durung ana dosen sing ngajar. Ora suwi akhire dosen teka lan ngajar, aku nyimak pelajaran sing diterangna marang dosen. Akhire jam setengah papat sore jadwal ngampusku dina iki wis rampung kabeh. Aku netepake agawe mulih cepet amarga aku awakku rasane pegel kabeh.
Ing perjalanan mulih aku ngerasa kebelet nguyuh ,amarga kepepet nemen akhire aku ketok masjid sing rada gedhe,akhire aku netepake gawe mandek diluk gawe nguyuh ing kunu. Sakwise markirno mobil aku langsung mblayu menyang jeding masjid iku. Sak metune aku saka jading aku ndelok akeh arek cilik sing padha ngaji. Rasane atiku adem ngerungokno lantunan ayat suci al-quran sing di waca arek-arek iku. Dumadakan ana sing ngagetno aku teka mburi.“Assalamualaikum, sampeyan sinten? Wonten perlu napa kok mirsani wae?” pitakone wong lanang kasebut.,wonge iku isih rada enom.“hmmm, oraa” jawabku karo glagapan. “ohh, kajenge sembhayang ashar ta sampeyan?” pitakone maneh.“sembhayang ashar?” gunemku,wis suwe aku ora sembayhang.“engge sembhayang ashar” tegese wong lanang kuwi.“ hmm aku wis lali carane sembayhang lan ngaji” jawabku rada sungkan “ apa kowe bisa ngajari aku carane sembhayang lan ngaji?” pitakonku menyang wong lanang kuwi. “ Astaghfirullah sembhayang kok dilalekake ta? Oh ya sak durunge kenalaken kula kang Mugni sing ngajar adik-adik iku,sapa asmane sampeyan?” dheweke ngenalake sapa dheweke sejatine.“ aaa..aaku Ahtisa, apa aku bisa gabung belajar sembhayang lan ngaji menyang kene” wangsulanku gelagapan.“ yen sampeyan pingin belajar ngaji, sampeyan bisa saben dina dhateng mriki jam papat sore. Nanging sakdurunge kula nyuwun sepura, punapa ta sampeyang bisa lali marang carane sembhayang?” pitakone Kang Mugni.“eemmm,wis kapan-kapan wae tak omongi, aku mulih dhisik ya. Aku mene mrene jam papat” jawabku karo mblayu menyang parkiran .
Sesuk e jam 4 aku wis cepak cepak menyang masjid sing wingi. Aku nggawe klambi dawa polos lan calana jeans biasa. Nalika aku tutuk ing masjid aku langsung ketemu melbu ing masjid ora salam. “ punapa sampeyan kok ndamel celana jeans lan ora nggawe jilbab?” pitakone Kang Mugni.“ soal e aku ora nduweni rok karo jilbab” jawabku jujur.“ oohh ngge, mboten punapa yawis sampeyan lungguh kaliyan adik-adik kuwi. Kita belajar ngaji bebarengan” aku syok ngrungokno omongane Mugni.“ora wis aku ngenteni sakmarine arek-arek iki belajar ngaji” jawabku rada kesel Sak jam an akku lungguh dhewe ing pinggir masjid lan akhire arek-arek sing diajar Mugni wis mari. Aku dijak melbu  nang masjid ing njero aku di ulang babagan tata cara kanggo sembhayang,ngaji lan sinau babagan agama islam. Atiku rumangsa adem lan tentrem pas wayahe sembhayang lan ngaji.
Dina demi dina aku luwih seneng sinau babagan agama islam. Aku luwih yakin marang agama islam lan ngerti apa wae aturan-aturan sing ana ing agama islam Aku kaet ngerti yen ngombe-ngombean iku haram  apa maneh mbangkang marang wong tuwo. Aku saiki ya luwih sregep sembhayang. Lan mbukak aurat ya ora apik. Ing sawijining dina, aku mutusake kanggo wiwit nganggo jubah lan jilbab“ YaAllah nduk kowe cek ayune lan ketok sholeh, ibu seneng lek kowe kaya ngene” ibu ngandika nalika dheweke weruh yen aku wis nganggo jubah lan jilbab.“ engge bu matur suwun, aku saiki ngge sampun bisa ngaji. Aku ngge nyuwun pangapura bu amarga sampun ngelarani atine panjenengan lan mboten ngerungokake pituture ibu” akhire aku nyuwun pangapura marang ibu karo ngambung tangane.“ owalahh nduk iya ora apa-apa, kowe wis tak sepurani, sapa ta nduk sing wis ngerubah kowe dadi kaya ngene, ibu seneng banget” pitakone  ibu karo nada sing seneng banget.“ kang Mugni bu sing ngajari aku sampe kayata ngenten” wangsulanku marang pitakone ibu.“ oalah iya nduk, tak dungakno kowe bisa istiqomah” pandungone ibu karo ngelus sirahku.“ aamiin bu, matur nuwun” akhire aku lan ibu ngrangkul saben liyane. Aku ya matur nuwun sanget marang Kak Mugni amarga wis gelem ngajari aku teka dasar sampe kaya saiki. Wiwit saiki,aku wis ora dadi Ahtisa sing nakal lan senengane menyang diskotik lan mbangkang marang wong tuwo. Wis wayahe aku berubah dadi pribadi sing lebih apik lan luwih mendalami babagan agama. Tibakne amarga kedadeyan kebelet nguyuhku ing wektu kuwi bisa ndhatengake hidayah ben aku luwih cidek marang Gusti Allah.

Judul standar - Antologi CerkakTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang