SMA N MANTUL utawa SMANTUL yaiku salah sijine sekolah terfavorit sak provinsi Jawa Timur. Rata-rata murid sing sekolah ing SMANTUL iki anake wong teka golongan dhuwur alias wong wong sugih. Tapi, uga ana murid sing asal e saka keluarga pas-pasan.
Nah, ing SMANTUL iki ana sak kelompok murid, yaa isa diarani geng sih. Tapi geng iki duduk geng e arek arek nakal sing senengane urakan lan seneng gawe masalah, nanging geng gawe sinau bareng, dolan bareng, mangan mangan bareng susah seneng bareng, guyon bareng, nandi ndi mesthi bareng. Jenenge yaiku Benu, Huri, lan Nuri. Saka ketelu bocah kuwi, mung Benu sing asale saka keluarga sing pas pasan. Huri lan Nuri yaiku saduluran kembar, anak saudagar sing sugih banget. Senadyan Huri lan Nuri anake wong sugih, ing anggone kekancan ora ndeleng sisi kekayaan sing diduweni. Nanging kenyamanan ing anggone kekanan.
Ing salah sawijining dina, yaiku dina Jum’at. Ing kelas 12 MIPA 3 utawa kelas e Benu, Huri, lan Nuri ana pelajaran olahraga. Kebeneran materi olahraga e yaiku futsal. Nah, Huri lan Nuri kuwi saktim lan Benu dina iki ketepakan sikile lara. Dadi Benu ora bisa melu bal-balan lan mung isane mung nyawang tekan pinggir lapangan.
Pertandingan pun dimulai..
Benu nduweni inisiatif ben pertandingan antar kanca sekelase iku dadi rame, Benu dadi komentator mlakune pertandingan iku mau.
“nah, sodara sodara sekalian kita saksikan kini pertandingan antara Bongol FC melawan Koplak FC.” Ucap e Benu ala-ala komentator.
“owalah Nu.. Nu. Nggolek jeneng tim yo sing apikan titik seng sangar titik ngunu. Jeneng kok Bongol karo Koplak FC.” Saute Idan kanca kelas e Benu.
“yo ora apa apa ta Dan. Ben lucu. Ahahaha :v :v :v”
“lucu gundhulmu.. tapi iya wes ya.. Cekne seru ayo wes dadi komentator karo aku NU.”
“ Naah... iku baru cocok Dan. Lho sek sek Dan.. jim jim.. awakmu ora melu bal balan ta?” Pitakon e Benu marang Idan amerga Idan ora melu bal-balan.
“ora.. males aku Nu.. aku ora sepira seneng bal balan.”
“OOOhh..” Saut e Benu singkat.
Ing tengah tengah Benu ngomong karo Idan, ujug ujug cah wedok wedok padha mbengok “GOOOOOOLLLL....YEEEY.. GOOOLLL...”. Benu lan Idan kaget langsung melongo..
“ Loh Dan.. sopo iku mau sing nge gol na..”
“isek alah.. sek sek tak takok.. Eh Cil.. sopo iku mau seng ngegolno?” Idan takon marang Acil sing iseh fokus ndelok pertandhingan.
“ si Huri.” Jawab e Acil.
“ oooooh.. Nu, Benu.. seng ngegolno kae sohib mu Huri.”
“ huweeeee ladalah.. Huri.. uhuuuyy.. Ya, sodara sodara gol kilat yang diciptakan oleh Huri dengan waktu yang begitu cepat dan begitu cantik.. ih ih ih yaampuuuun.” Benu tetep dadi komentator ala profesional.
“ betul apa yang anda katakan Bung Benu. Gol ini terjadi begitu cepat dan tidak terlihat oleh kita. Karena kita ngomong dhewe ... hahaha..” Tanggep e Idan.
“ ooh.. apa yang terjadi disana sodara sodara Huri dan Nuri berduet di lini depan dan mereka bermain selayaknya striker profesional. Huri umpan kepada Nuri menggocek bola.. masih Nuri.. Nuri.. masih Nuri.. shootiiing.. jeb jeb jebreeeettt.. goooooooollll”
“walah walah Nu.. awakmu lek komen koyok iku .. sopo seng dek tv tv iku..”
“ bung Jebret” Jawab e Benu.
“ nah iyo.. iku..”
Priit.. Priiit.. Priiit... Si wasit alias Pak Guru wis nyebul peluit e. Iku tandhane pertandhingane wes rampung. Sawise iku Huri lan Nuri ngajak Benu menyang kantin.
“Nu, Benu.. Ayok nyang kantin. Aku nguuwelak parah” ,Huri ngajak Benu.
“Iya aku ya ngelak karo luwe pisan,” saute Nuri.
“ayo wis. Loh sek sek.. Dan awakmu gak melu ta?”
“ Engak wis Nu.. aku kate mbalik nang kelas dhisik karo arek arek..” jawab e Idan.
Nah, sakwise tutuk kantin. Benu kaet iling yen Benu dina iki ora nggawa sangu alias sangune kari.
“ Eh sek gess sek gess.. byuuuh aku lali saiki aku ga nggawa dhuwit.. sanguku keri gess..”
“ Loh gess.. kok isa gess..” saute Huri
“ Wadhuh gess.... ra sah gopoh gess.... Kayak ga duwe kanca ae gess” ucap e Nuri nenangke Benu.
“ Dadi aku saiki mbok traktir iki ya? Hehe :V ...”
“ Iya .... Tenang ae ra sah kuwatir.... ok” sambunge Nuri sambi tangane ana ing pundhake Benu.
“ Eh, Nur.. Aku traktiren pisan ya?!.. hehe..”
“ Loalah Huur.. Hur.. emoh aku nraktir awakmu. Lak mau awakmu wes disangoni Bapak toh..?”
“ Iya.. Tapi sekali-kali ngunu loh nraktir aku.. Ya?!..” si Huri terus mbujuk Nuri ben Nuri gelem nraktir dheweke. Nanging omongane Huri ora digatekke marang Nuri.
Arek telu kuwi padha tumuju marang nggon favorite ing kantin. Yaiku ing mbah Sumi. Menurute Benu, Huri, lan Nuri masakan e mbah Sumi iki masakan sing paling wuenakk.. sing paling jiyyooss daripada masakane ibuk ibuk kantin liyane.
“ Nu, Benu.. awakmu kate tuku apa? Aku karo Huri mangan pecel ayam koyok biyasae. Awakmu mangan pecel ayam pisan ta?” Nuri nakoni Benu.
“ Anu, Nur.. Aku ape tuku ngombe tok ae. Aku sik wareg. Aku pingin ngombe jus ... Tapi jus apa ya enakke??”
“ Iku ae Nu.. Jus nanas.. Penak, suegeerr” Jawab e Huri sing biasane tuku jus nanas ing mbah Sumi.
“ Iya wis aku tak tuku jus nanas ae. Nur, aku nyilih dhuwit mu. Sesuk tak balekna.”
“ Iki loh” ngelungno dhuwit marang Benu. “ Wis gampang ra sah dibalekna ya ora apa-apa” tambah e Nuri.
“Suwun ya Nur..” Benu ngucapna matur suwun marang Nuri.
“ Ok.. suwanteh wae lah..”
Huri lan Nuri mangan bareng lan Benu mung tuku ngombe jus nanas. Cah telu kuwi sambi mangan sambi ngomong mbahas masakan e mbah Sumi sing ora ana tandhingane ing kantin SMANTUL kae.
“ Eh, rek.. jaaan.. masakane mbah Sumi iki wueennakk poool.. masakane ibukku kalah iki. Aku molai kelas sepuluh biyen nganti saiki suweneng tuku masakan e mbah Sumi iki. Ora mbelengeri masiyo aku meh bendina tuku ing kene. Umpama ing mbah Sumi iki ana apa iku.. ana daftar pelanggane. Jenengku bakal gelek muncul ing daftar pelanggan iku. Isa-isa aku dadi pelanggan setia nomer siji iki.. haha :v :v ” ujare Huri sing dadi pelanggan setiane mbah Sumi.
“ halah.. prasamu mung awakmu tok a Hur.. Aku ya pisan iki dadi pelanggan setia e mbah Sumi nomer loro.” Saut e Nuri.
“ Loh.. Lha kok nomer loro Nur ??” takon e Benu heran.
“ Iya nomer loro .. Kan nomer sijine Huri..” jawab e Nuri.
Huri sing ing lambene kebek karo sego langsung nyauti omongane Nuri, “ Nahh.. ya ngunu Nur.. aku sing nomer siji. Awakmu sing nomer loro.. wahahahaa.. uhuk uhuk uhuk..”, Huri keselek. “ Ngombe ngombe ngombe..”
“ Hng.. Iki loh” Benu menehna ngombene menyang Huri.
Glek..glek.. glekk .. “ Alhamdulillaahh.. hmm” ucap e Huri sing wis ngombe.
“ Mamuloh talah lek mangan iku ra sah kakehan omong cek gak keselek. Kakehan omong seh, dadi keselek kan..” ucap e Nuri.
Sakwise keselek Huri ora wani mangan karo ngomong maneh. Huri mangan e kanti ati ati. Jus nanas e wis entek. Segone Nuri lan Huri yo wis entek. Akhire Huri, Nuri, lan Benu bali menyang kelas amarga bel masuk wis muni.
Pelajaran jam terakhir wayah e basa Jawa. Yen wayahe pelajaran basa Jawa si Benu paling seneng lan paling semangat. Amarga jare Benu, guru basa Jawa ayune ra ketulungan.
“ Byuh.. byuhh.. byuuuh.. Subhanallah.. ayune..” Benu nggumun dhewe ing bangku mburi dhewe.
Ketepakan Benu lungguh ing mburine Huri lan Nuri. Huri lan Nuri krungu apa sing digumun marang benu. Arek kembar iku langsung ngadhep menyang mburi padha nguwasi Benu sing lagi terkagum-kagum ndelengi bu guru basa Jawa sing ayu kuwi.
“ Massyaallah, Nu.. kethip NU, kethip.” Ucap e Nuri sambi ngebasna tangan ing ngarepe moto e Benu.
“ Haduh.. apa sih Nur, tanganmu iki. Ndhandhangi pandanganku ae ndeleng bu cantik. Aku suweneng ngene iki. Masiyo sedina pelajaran basa Jawa thok aku gelem. Gamasalah yen gurune ayu koyok ngene iki.. Hehehe :V :V” omong e Benu.
Akhire, ora suwe maneh bel mulih sekolah wis muni. “ Wadhuh.. Lha kok wis bel mulih iki?” Benu bingung karepe dhewe.
“ Halah Nuu,, Benu. Wis ayok moleh Hur.. Wis dienteni Bapak ning omah”
“ Iya .. Ayo wis.” “ Nu, aku karo Nuri moleh dhisik ya.. Soale aku siktas di WA bapakku dikongkon moleh cepet.” Omonge Huri marang Benu.
“ OK wis.. Ati ati ya!..” pesen e Benu marang Huri lan Nuri.
“ Iya.” Nuri lan Huri njawab kompak.Huri lan Nuri bali mulih dhisiki. Benu mulih dhewean.
Ing perjalanan mulih, Benu nggumun dhewe karo mlaku amarga ora ana bareng e mulih. Dheweke ndeleng kanca kancane yen pas wayah e mulih mesti bareng bareng, ana sing nggawa sepedha motor, ana sing antar jemput kendaraan pribadhi, ana sing numpak Taksi, uga ana sing disusul wong tuwane. Senadyan kaya ngunu, Benu ora tau ngerasa iri karo kanca kancane. Masiya saben mulih sekolah Benu ora tau disusul, Benu ora masalah lan tetep nglakoni urip kanthi seneng.
KAMU SEDANG MEMBACA
Judul standar - Antologi Cerkak
Short StoryKumpulan cerkak kang duweni tema maneka warna .