Desaku sing Endah

163 0 0
                                    


Ing sawijining desa sing gersang, Ono wong tuwo sing jenenge pak sadjiman sing ngerasakno panas e bumi saiki. Gak ono siji siji wit sing urip ndek deso e, supaya lek musim udan teko desa iki mesti kenek banjir lan longsor. Pak sadjiman mikir lek dheweke iso ngajak warga deso Turi Rejo gawe nandur wit ndek cedek omah e,  seenggak e iso ngurangi panas lan bahaya ne banjir. Ndek tengah mikirne masalah iku mau, ono arek cilik sing ngagetno dheweke. Arek enom iku  jenenge daffa putune Pak sadjman.
‘ddoorrrrr…’ daffa ngagetno mbah ne.
‘eh kowe toh le, ono opo kowe nang kene le ?” jare mbah e.
“mek dolan tok mbah, mari nggoleki kanca kancaku nang lapangan.” Jare daffa.
Pak Sadjman ndelok putune Daffa nggawe rai melas.
“opo o pean mbah ? nglamun ae gak ono penggawean liyo ?” jare daffa.
“mbah bingung le yaopo carane njogo kahanan e alam ndek deso iki”
“njogo kahanan e alam ? deso iki kan gersang opo sing kate di jogo ?” jare daffa karo penasaran.
“nah teko iku mau Mbah kepingin ngajak warga deso iki gawe nandur wit daf, Tapi mbah bingung carane yak opo?” mbah e njelasno.
“ngene ae mbah, mbah lak cedek nemen she karo pak kades, yak opo lek mbah ngekek i usul iku mau pas rapat engkok sore?” daffa ngekek i saran.
Mbah e mikir suwe saengga sepi gak ono swara.
Moro moro mbah e ngetok no swara sampek ngagetno Daffa sing lagi nggetu dulinan HP ne.
“aahhhhaaa, bener kowe le, engkok sore kan ono rapat kelompok tani, sopo iso pendapat e mbah mu iki iso diterimo” jare mbah e.
“nggeh mbah, sampeyan coba ae sopo ero iso diterimo, wes gak usah bingung maneh mbah” jare daffa nenangno mbah e.
“suwun yo le , kowe pancen putune mbah sing puiinnnteeeer dewe” muji daffa.
***
Ing bengi sing terang ndek deso turi rejo sing ketok sunyi mek ono jangkrik sing ngganggu kuping. Ndek balai desa ono rapat kelompok tani sing lagi ijol ijolan pendapat. Salah siji ne pak sadjiman lan pak kades molai mbukak acara.
“sugeng dalu bapak-bapak, ing dalu sing terang iki, kita isih bias ketemu ing balai desa sing barokah iki, ngomongake masalah desa kita akhir-akhir iki kita molai ngerasakno panas e bumi iki kaliyan ono ne globalisasi ditambah maneh musim udan wes cedek lan ndek deso iki ora ono wit-wit an sing iso ngademake, nyerep banyu, lan apik gawe di sawang. Mangkak ne iku kulo ngadakaken rapat niki niku kajenge ngomongake salangajengipun. Napa sing kudu kita ditindakake supaya desa kita niki dados desa sing sejuk, asri, lan nyaman ? menawa bapak-bapak wonten usul ?” takok e pak kades.
Bapak-bapak sing teko ndek rapat iki, mek iso delok-delok an lan gak ono sing ngacungno tangane, sampek pak sadjiman ngewani wani no awak e gawe ngomong.
“kulo pak, semisal kita sedaya ngadakaken nandur 1000 wit ndek cedek e omah e kita utawa kita nyiapaken siji lahan lemah gawe ditanduri wit utawa lahan ijo, sing mben e bisa nggawe desa iki sejuk pak?” omong e pak sadjiman.
“pangapunten e pak, kulo mboten setuju pendapat e pak sadjiman, nandur 1000 wit iku angel pak, semisal mboten enten kerja bareng-bareng, dene didesa kita iki warga-warga e sibuk kaliyan kerjone dewe, lan kurang mementingaken lingkungane, semisal ono acara ngene terus ora ono sing melok kegiatan nandur 1000 wit iki dadine percuma, opo maneh aliran banyu ndek desa iki kurang lancer, 1000 wit iki kakean kita oleh teko endi bibit wit sak akeh e iku ?” jare pak syaiful.
“pangapunten pak, kulo setuju pendapat e pak syaiful, opo maneh ndek deso kita iki gak pernah ngolehake penyuluhan carane nandur wit sing apik, lemah kita gersan kurang apik digawe nandur, koyok e iso ditanduri tapi ora iso urip suwe lan apa se manfaat e nandur wit akeh e koyok ngunu?” jare pak yono.
“matur nuwun gawe bapak-bapak sing wes ngajukaken pendapat e, monggo pak sadjiman di tanggepi pendapat e pak syaiful kaliyan pak yono” jare pak kades.
“matur nuwun pak, kulo ajenge njawab pitakonan e pak syaiful lan pak yono, manfaate nandur wit iku akeh pak, contoh ne wit nyerep lan nyimpen banyu, misal kita nandur wit, banyu sing teko banyu udan sitik-sitik iso kesimpen ndek oyot e wit sing nggawe lemah kita subur lan perairan kita iso lancer maneh, opo maneh kita nduwe pupuk organic tambah subur lemah e kita, ndek awal e nandur iki ora ono manfaate tapi mben lek wit e wes gedhe manfaate iku akeh gawe kita lan putu kita” jare pak sadjiman.
“masalah bibit ben kulo urus mawon, kulo nduwe kenalan wong perhutani insyaallah iso cepet ngrewangi nggolekaken bibit e wit e, panjalukane bibit iki ora ono mbayar-mbayaran dadi kita mboten ngetokaken duwit.” Tambahe pak kades.
Masio wes ngomong ngalor ngidul, tetep ono wong sing gak setuju kegiatan nandur 1000 wit iki. Sek akeh wong sing gak paham utawa sadar nandur wit iku penting. Pas ndek balai desa pak kades lan jajarane nggawe rapat cilik-cilikan.
“yak opo iki pak, warga ora setuju ambek kegiatan nandur 1000 wit iki, padahal musim udan wes cedek?” jare pak sadjiman.
“kulo pisan bingung pak kudu yak opo maneh yakin o warga, sing liyane ono usul ? takok e pak kades nang jajarane.
“kulo pak, misal e kene nandur ndek sekitar e omah e kene disek, semisal ono warga sing ndelok manfaate wit sing ono sekitare kene, mungkin warga iso sadar manfaat pentinge nandur wit” jare ridwan jajarane pak kades.
“kulo setuju kae pendapate ridwan, tapi yak opo kita iso nandur lek bibit e ora ono, amarga ora mungkin kita njaluk nang perhutani kaliyan jumlah bibit sing titik.” Jare pak kades.
Kabeh wong sing ana ndek rapat iku mau bingung, sampek rapat iku mau gak ngasilno keputusan. Kaliyan tangan kosong lan prauan gak semangat pak sadjiman mulih.
***
Dino demi dino wes di liwati, kabeh cara wes dilakokake pak kades gawe yakin no warga sampek akhire musim udan teko, awal e sek biasa-biasa ae kali ndek perbatasan desa sik durung beraksi, warga sing gak setuju nandur wit ngilok-ngilok no pak sadjiman, amarga menurut e gak usah wit desa iso apik-apik ae gak persis sing diomong. Pak sadjiman mek iso meneng wae tapi bumi ora iso meneng, sampek sawijining dino ono udan sing deres banget sampek ono angin sing banter banget sampek omah-omah warga koyok kate digawa mabur, ora onosing wani metu teko omah, udan lan angin iku malah banter sampek suwe ne 5 jam. Kabeh warga keweden opo maneh pak sadjiman.
“yak opo iki bu, udane ambek angine tambah banter, opo iki tanda-tanda e kate ono banjir ya bu ?” takone pak sadjiman marang bojone.
“wes talah pak ojo kuwatir ngunu, ndungo wae mugo-mug dessa iki gak kenek banjir” jare bu sadjiman.
Pak sadjiman gak iso tenang, riwa riwi mrono mrene iku sing iso dilakokno pak sadjiman. Apa sing dipikirke pak sadjiman bener, banyu kali wes amber-amber, ono warga sing cedek kali mblayu ngekek i weruh warga ben cepet ngungsi amarga banjir wes teko, kabeh warga semburat karep e dewe golek nggen pengungsian, gak peduli ambek udan sing deres banget amarga sing ndek pikirane iku slamet e awak e dewe karo harta e.
***
Telu dino desa turi rejo kelem karo banyu banjir lan saiki banyune wes molai cetek kari reged-reged sing kasebar. Pak kades ngongkon warga kerjo bakti gawe mberseni omah e lan ndek sekitar e. sakwise marine kerjo bakti pak kades ngongkon warga kumpul ndek balai desa gawe ngomong no masalah reboisasi ndek desa turi rejo iki. Kabeh warga budal nang balai desa amarga warga ora gelem banjir tahun iki gak mbalek maneh ndek tahun ngarep masio ndek tahun-tahun selanjute. Ora ono debat sing dowo kabeh warga setuju kaliyan ono ne kegiatan nandur wit, warga sing biyen e kekeh gawe gak setuju ono ne kegiatan nandur 1000 wit iki saiki setuju kabeh.
***
Lan mene isuk e.
Dino iki ora ono bedane karo dino-dino biasane, udan terus-terusan ndek desa turi rejo masio gak sederes winginane, warga durung nyiapno lahan sing gawe ditanduri wit amarga bibit e gurung ono lan gurung ono perintah teko pak kades, tapi pak kades wes nyiapno surat gawe permintaan wit nang perhutani, lan dek e ngutus pak sadjiman gawe budal nang perhutani gawe nemoni pak dedi koncone pak kades, sampek e ndek perhutani…
“assalamualaikum pak pangapunten kulo badhe tanglet, ruangan e pak dedi ?” jare pak sadjiman.
“waalaikum salam, nggeh niki kulo dewe pak, dhateng desa turi rejo nggeh pak ?” takon e pak dedi.
“nggeh pak, niki kulo ngeteraken surat permintaan bibit saking desa kulo” jare pak sadjiman.
Omong-omongan e terus terusan, saking senenge takok-takok masalah wit lan lingkungan sampek lali dino wes awan, pak sadjiman pamitan moleh, dheweke wes akeh takok lan wes akeh ilmu sing di olehne pak sadjiman, dheweke moleh karo ati bungah amarga iso ngelaksanakne tugas e lan oleh ilmu nandur wit sing bisa pak sadjiman kek no nang kanca-kancane masio mek titik tapi iso akeh manfaat.
***
Sakdurungnge bibit iku teko pak kades ngumpulaken warga desa turi rejo di balai desa. Pak kades ngekek i weruh lek dino minggu iki ono kegiatan nandur 1000 wit ndek desa turi rejo lan di ewangi wong teko perhutani lan sakdurunge nandur wit pak kades nganjurno gawe mberseni lingkungan omah e, ben wektu penanduran gak ono reged sing kasebar. Kabeh warga setuju mberseni desane, masio desone gersang tapi ora ono salah e gawe mberseni ben ketok resik, acara resik-resik insyaallah di lakokake dino sabtu lan kegiatan nandur wit e dino minggu e, lan pak kades njaluk pitulung ben warga desa turi rejo ono waktu lan melok kegiatan iku mau.
***
Telu din wes liwat tapi ora ono kabar teko perhutani. Pak sadjiman bingung amarga dino nandur e wit wes cedek, langsung dheweke ndang-ndang nakokake nang omah e pak kades.
“pangapunten pak kades kulo pengen weruh informasi masalah bibit, apa wis ono kaber teko perhutani ?” takok e pak sadjiman marang pak kades.
“oh enggeh pak, kulo sampek lali, untung ono bapak sing ngelengno, durung ono kabar sek sampean enteni tak telfon sek, suwun pak wes di eleng no.” jare pak kades.
“nggeh pak sami-sami, monggo sampean telfon.” Jare pak sadjiman.
Pak kades nelpon pak dedi, eh dadakne bibit e iso di jupuk dino sabtu isuk ndek deso tonggo, pak kades lan pak sadjiman seneng ngerungokno kabar iku mau, pak kades langsung ngumumno nang warga turi rejo gawe nyiapno lahan lan piranti-piranti sing kate digawe kerko bakti lan kegiatan nandur wit, sakdurunge ono kerjo bakti lan nandur wit dio jumat ono penyuluhan teko perhutani ben engkok pas nandur wit iku lancar lan bener.
***
Dino jumat wit e wes teko ndek deso turi rejo, kabeh warga teko gawe penyuluhan kegiatan nandur wit ndek balai deso. Tuwo, enom, cilik, gedhe melok ngramekno acara iku mau. Acara penyuluhan wes dimulai sing dibuka karo pak kades lan dilanjutake karo wong perhutani yaiku pak dedi. Pak dedi iki njelasno detil opo iku wit-witan, apa ae pemanfaatan e, yak opo carane nandur e, yak opo carane ngerawat elan yak opo carane nikmati hasil teko wit iku mau.
Dowo omong e pak dedi wes njelasno nang warga turi rejo, qarga seneng gawe melok kegiatan iku mau buktine akeh wong sing takok sing durung di weruh i. gak disadari wektu sing ditentukno wes entek acara e wes mari, warga moleh nang omah e dewe-dewe karo ati sing bungah gawe acara mene.
***
Dino sabtu sing di enten enteni wes teko warga desa turi rejo cepet cepet gawe mberseni sekitar omah e teko reged-redeg sing kasebar lan nyiapno lahan gawe nandur wit e. wong-wong ngeduk ben iso di tandoori wit, amarga wit sing ditandur gak mek 10-50 wit tapi 1000 wit. Gak mek nyiapno lahan digawe nandur lan ono wing sing njupuk bibit nang deso sebelah.
***
Isuk sing terang, sinar e srengenge wes nyinari bumi terik e sing panas banget, tapi gak ono siji o warga sing mundur gawe melok i kegiatan iki masio panas banget. Kabeh warga wes kumpul ndek balai desa gawe melok kegiatan nandur 1000 wit. Lan di tekani wong teko perhutani kegaiatan nandur 1000 wit dimolai.
Karo ati sing bungah kabeh warga nandur wit gak ono kesel e, sampek akhire kabeh pojok an deso turi rejo wes di tanduri wit. Sakmarine iku woong-wong nyirami lan ngekek i pupuk ben dino. Ndek acara iki gak wong tuwa tok sing nandur tapi arek enom lan bocah melu kegiatan nandur 1000 wit. Dheweke seneng banget iso melok ndek kegiatan nandur 1000 wit, amarga ndek sawijining dino iso ndek nikmati dheweke dewe.
Dino, minggu, sasi, tahun wes keliwati, wit-wit sing di tandur wes gedhe-gedhe, desa sing biyen e gersang saiki wes dadi desa sing aman, resik, nyaman, asri, lan sejuk. Kabeh kahanan ndek desa iku wes berubah. Arek enom ndek desa turi rejo ngadakaken kelompok utawa organisasi peduli lingkungan. Ben minggu mesti ono kegiatan resik-resik lan penanduran wit sing wes diketok, supaya wit e malah tambah akeh lan desa turi rejo dadi ijo lan bersih sampek oleh penghargaan desa ter-ijo lan ter-asri tahun 2007.

Judul standar - Antologi CerkakTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang