Urip Saktenane

85 0 0
                                    


Bumi serasa mandek lan ngelingake yen aku kudu sadar lan nampa kenyataan nalika hal iki pancen kedadeyan. Hal sing ora enek wong seng pengin ngerasak'ake lan ngalami, gak tau tak Pikirake lan tak bayangne saiki tak rasak'ake. Nalika aku sadar yen sekitarku wes gak karuan lang ajur mungur, akeh sing ilang nyawa dunyo lan sajenis'e. Rasane kudu mbrebes mili banyu mata iki, bencana iki wes kedadeyan ,nanging ora ono seng peduli sopo gak milih waktu lan panggonan. Mungkin iki pancen salah sawijining tanda saka sing nduweni jagad lalek bumi lan dunyo iki wes tuwek lan dadi pangeling amarga akeh hal seng ora sepnates'e di lakoni karo manungso tapi tetel di lakoni lan akeh'an ninggalne keeajib'an lan kodrat2e.
Sakabeh'e ing dunia iki ora ana hal sing abadi., nanging hal sing semu lan ora nyata. Kita nalika dadi manungso kudu iso mangerteni lan sadar. Nanging aku ora tau nyadari hal kasebut. Aku mesti lalai karo kewajibanku marang sang pencipta.
Saiki aku ngerti yen sakabeh'ane wes kedadeyan lan kelewat cepet banget. Sakwise seminggu kedadeyan tsunami ing daerahku. Kabeh wong katon bingung lan pada nggolek'i sanak keluargane kayata aku, aku yo nggolek'i ayah ibuk lan adikku ana ing endi lan apa sing di rasakne lan di lakoni. Apa padha slamet? Apa wes ning panggen sing nyaman?. Pitakonan kuwi sing tak pikirne lan ora enek sing iso nulungi aku kanggo njawab kuwi.
Dumadakan ana uwong sing nyekel pundakku lan takon "kowe nyapo?" takon'e karo lungguh jejer ning pinggirku, ternyata dhewek'e koncoku
"Emmmm ora nyapo nyapo" jawabku alon lan lirih
"Tenan'e? Tapi kok ora pada karo wajahmu, kowe koyok kepikiran sesuatu. Pitakon'e
"Aku mung mikirakekeluargaku, piye kabar'e? Apa apik wae?" jawabku
"ndungo'o mugo mugo keluargamu ora opo opo lan sehat,wes wayah'e dzuhur ayo ning musholla" ajak'e nanging aku geleng geleng ora gelem
"Kowe wae aku arep turu turuan sek dilut" omongku
Aku ngamuk marang awakku dewe, pancen aku ora iso njaga keluargaku. Wes cukup suwe aku ngelamun lan merenung ning ngisore wit kelapa lan di kancani suarane banyu lan ombak'e laut, kayata aku angel arep ngadek lan ngaleh saka kene

Laut wes njupuk lan ngerenggut sakabeh'e anggota keluargaku. Aku ora ngerti kudu nggolek'i saka endi maneh, wes cukup suwe aku nyusuri pinggiran pantai nanging ora ketemu anggota keluargaku.
2 minggu keliwat aku terus nggolek'i keluargaku di rewangi karo tim SAR nanging ora ana kemajuan keluargaku durung di temukake. Aku ngerasa putus asa amarga pencarian korban bencana tsunami 70% wes ditemukake lan kemungkinan para relawan bakal bali ning daerah asale. Piye carane aku isa nemukake keluargaku, aku ora ngerti kudu piye kabeh kerasa sia-sia. Aku kesel lan stress iku sing tak rasakne saiki. Aku pingin kumpul maneh lan guyon guyu bareng maneh karo keluargaku
Sampek relawan pada bali kabih nanging keluargaku yo durung di temukake, ya allah aku kudu piye iki? Pikirku.
Teko arah berlawanan katon uwong sing marani aku nanging ora tak reken.
"Aku lungguh ning kene ya? " omonge
"monggo" jawabku sopan
"Oleh aku kenalan karo sampeyan?" karo ngulurake tangane
"Oleh jenengku bayu, sampeyan?" Jawabku karo nyalami
"aku Radit, aku salah sijine relawan neng kene" jawab'e karo ngguyu neng aku
"oalah, yen oleh ngerti sampek kapan ana ning kene?" Takonku
"Insyaallah minggu ngarep aku bali ning daerahku" jawab'e
"opo oleh kulo nyuwun tulung sampeyan lan tim'e kanggo nggolek'i anggota keluargaku amargi nganti saiki sek urung di temukake, aku nyuwun tulung ingkang agung mas" takonku karo rada memelas
"Insyaallah sesuk tak rundingake karo timku lan yen iso tak mulai sesuk. Sampeyan muslim kan?" Takon'e
"Inggih kulo muslim" jawabku
"luwih apik saiki samean sholat, njaluk petunjuk marang gusti mugo2 keluargane sampeyan cepet di temukake"
"Tapi kulo mboten ngerti carane sholat, apa samean iso nuntun lan ngewangi supaya iso? "
"oleh, monggo neng musholla"
Pancen bener aku ora iso sholat, duduk amarga wong tuwoku gak ngongkon lan mbelajari aku sholat. Tapi aku dewe sing ora gelem lan sing ana ing pikirku sholat mung ngguwak2 waktu amarga anggepanku aku isih enom lan ora mungkin mati isih enom, nanging anggepanku kuwi salah.
Saiki wes wayah'e isuk lan wingi aku belajar akeh teko koncoku radit, kayata sholat agam lan liyane. Radit akeh ngilingake awakku lan ngomongi aku
Dino iki waktu nggolek'i keluargaku, radit lan tim sar pada nggolek'i ning titik titik sing mungkin nanging isih nol lan keluargaku isih ora ana hasil.
Dino dino tak liwati bebarengan karo tim sar nanging isih nol pencarian, alhamdulillah aku saiki luwih mengenal islam lan luwih iso nyedek'ake awakku marang gusti, saben bengi aku dedungo mugo mugo keluargaku ketemu lan selamet.
"aja putus asa bay, tetep semangat lan aja lali dungo gusti ora bakal sare lan ora bakal nguji hamba ngelebih'i kemampuane" omonge karo ngusap gegerku
"Insyaallah aku percaya marang gusti allah apa ae keputusane" jawabku alon
"oh iyo, aku nduweni kabar apik kanggo kowe bay, insya allah aku lan timku mbalik'e isih di undur nganti di temukake keluargamu kowe aja putus asa, ayo pada semangat nganti ketemu keluargamu"
"tenan to? " kagetku amarga omongane radit mau

Pas bengi sakwise aku ngerampungne sholat isya, ana wong sing marani lan nyeluk nyeluk jenengku
"Bay...... Bay..... keluargamu" omonge karo ngosngosan
Aku metu teko musholla moro ning njaba
"Ana apa karo keluargaku?" Takonku
"Keluargamu di temukake bay ning pinggir pesisir pantai"
Aku kesusu mlayu ning pesisir pantai, ning kono wis akeh wong sing teko lan pada ndelok, nanging ana sing aneh amarga wong wong pada ndelok ning aku karo wajah iba. Akhir'e tak selat krumunan kuwi mau
"Bay sing sabar ya, mungkin iki takdir saka gusti kudu ikhlas lan nerima" karo nggepuk pundakku
Aku isih urung iso ngerti lan nyerna apa sing tak delok, nyapo kok aku di ketemukake karo keluargaku nanging keadane kaya ngene.
"Bay aku mung pingin nyampekake keluargamu di temukake isih keadaan kritis nanging keadaane wis nemen amarga asupan oksigen wis minim banget. Insya allah sesuk kita kuburake keluargamu" omonge salah sijine wong
"Bay sing sabar ya, insya allah sesuk bar sholat subuh keluargamu di semayamne. Pak nyuwun tulung sesuk di urus jenazah iki" omonge
Aku isih urung iso ngerti opo sing ndek ngarepku, nanging aku ya sadar keluargaku wes di pundut marang gusti, iso gaiso aku kud nerimo opo lan ketetapane saka gusti. Amarga iku mesti wes paling apik.
Wis oleh seminggu keluargaku di semayamne, lan lebih sedino radit lan tim sar bali menyang daerah'e. Aku wis setitik titik mulai belajar ngeikhlasne keluargaku lan mulai belajar nata uripku. Siji hal sing tak sadari lalek urip iki ora mesti kaprah'e lan ora bisa di tentuake, ora ana perbedaan lan pada ing pandangane gusti. Tuwa enom, sehat lara, sugih mlarat yen wayah'e di pundut yo di pundut dadi kene kudu ngemanfaatake waktu seapik-apik'e. Nyepak'ake bekal kanggo madep marang sang pangripta urip. Saiki aku kudu bisa ikhlas lan nyepak'ake bekalku, gelis utowo suwe aku yo bakal nyusul keluargaku dadi seng iso tak lakoni yo ibadah kanti ikhlas lan dungo mugo mugo keluargaku di paringi tentrem ning kana.... Amiiinnn

Judul standar - Antologi CerkakTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang