Pangarep-arep sing Kekurung

54 0 0
                                    


Mendung sing gumantung ana ing langit wiwit esuk ngiringi langkah wong lanang sing nduweni paras kang rupawan. Tumyube angin nyibakake rambut irenge kanthi alon-alon. Adheme hawa nyebabake kulit putih e katon  luwih pucet. Kahanan esuk iku kayata nggambarake atine sing berkabut. Nalika ing ngarepe gerbang, dheweke mandhegake langkahe. Sorot mripate sing sayu nyawang ing tulisan “Universitas Seni Russia” . Kanthi ambegan gedhe dheweke nyoba kanggo mlaku ngeliwati gerbang. Nganthi langkah kasebut nggawa dheweke menyang kelas jurusan seni rupa, dheweke ndeleng isine kelas sing kapenuhan kalihan atusan goresan kuas kang endah lan wong-wong sing ora tau ditemoni sakdurunge. Wong lanang sing nggawe mantel coklat kanthi katon rapi ngaweake tangane. “ Sampeyan gelem opo ora lungguh kalihan aku?”. Wong lanang Rupawan ngangguk kanthi setengah mesem. Dheweke lungguh ing pinggire wong lanang mau, “Matur suwun” ujare.
“Tuk..tuk..tuk” ana swara saka sepatune wong wadon ing njaba ruangan. Ora suwe ana wong wadon umur 70-an muncul ing ngarepe lawang. “Sugeng enjing”. Eseman sing keukir ing praupane nyairake suasana kelas mahasiswa anyar sing beku wiwit mau. “Aku dosen kanggo mata kuliah sejarah seni kalihan penerapan seni modern. Sampeyan iso nyeluk aku Miss Elena Serebriakova”. Miss Elena mbuka buku kandhel sing nduweni sampul abang sing awit mau digawa, ing njero buku kuwi ana jeneng-jeneng mahasiswa anyar jurusan seni rupa. Dheweke nyeluk siji-siji jeneng sing ana ing buku kuwi. Nganthi tekan ing sawijine jeneng, dheweke ngerutake batuk e. “ Fero Radislav”. Wong lanang rupawan ngangkat tangane alon-alon. “Sampeyan mahasiswa sing diterimo ora nganggo tes? Bijimu pancen apik”. Praupane Fero abang kayata kate mbeldhos, dheweke cepet-cepet nunduk. Nanging dheweke ngerasa ana sing aneh, alon-alon dheweke noleh menyang pinggire. Fero ndeleng wong lanang sing ana ing pinggire nyawang dheweke kanthi rasa kagum. “Waaaahh..Sampeyan keren banget! Aku ora nyangka iso milih kanca sebangku seperjuangan sing super jenius. Instingku pancen ora tau salah”. Fero nanggepi pujian saka kancane nganggo ekspresi aneh. “Sampeyan yo wis menangake lomba tingkat nasional, hmm..menarik” ujare Miss Elena. Wektu Fero noleh menyang ngarep dheweke kaget sanget amarga kabeh kanca sak kelase nyawang dheweke kanthi rasa kagum. “Aduh..mau bengi aku ngipi opo toh?”
Nalika jarum jam nunjuk ana ing angka 3 kelas buyar. Fero mlaku nyusuri jembatan ing sadawane Kali Moskwa sing akeh kalihan godhong-godhong garing warna abang. Sepatu boot klasik sing digawe marang dheweke ngicak godhong-godhong kuwi nganthi ninggalake suara “Srak..srak..srak” kayata ngancani langkahe sing kesepian tinuju menyang omah. “Srak srak…srak srak..” ana swara wong sing mblayu saka mburine. Fero muter awake, “Heee! Radislav! Entenono aku!”. Tibak e wong lanang sing penampilane rapi mau,yaiku kanca sebangkue Fero. Mantel coklate miber katiup angin, praupane kayata njlentrehake yen Ransel ing punggunge abot sanget. “Aku ora ngerti yen kita searah, ayo mulih bareng wae. Oh iyo kene durung kenalan nganthi resmi kan mau Radislav? Jenengku Leverett Matvei, celuken Lev wae”. Fero njabat tangane Lev nganthi ragu-ragu. “O…o..oh iyo Lev, sampeyan yo iso nyeluk aku Fero. Ngomong-ngomong tas sampeyan kayae abot, sampeyan nggowo watu menyang kampus ta?” Takone Fero. “Ah iku.. iyo, sampeyan ero teko endi? Delengen iki! Apik kan watune?” Lev ndudunno watu kuno rada gedhe saka njero ransel e, Fero kaget. “Dadi sampeyan tenanan nggawa watu? Padahal aku mek guyon lho.Gawe opo Lev? “ ujar Fero. “Hmmm.. yaopo yo njelasnoe? Watu iki kaya jimat keberuntungan gawe aku. Sebenere Ayahku iku sejarawan terkenal ing Kutha Moskow iki. Sampeyan ero Dominik Matvei kan? Ya dheweke iku Ayahku. Mergane kuwi gen ngganteng lan jenius sing ana ing njero awakku iki warisan saka Ayahku sing kudu dijaga nganthi akhir hayat”. Fero katon bingung ngerungokake omongane Leverett sing dramatis kuwi.
Nalika ana ing njero bus Fero iling masa-masa sekolahe sing mesti kesepian. Fero ancen dikenal cuek lan cerdas, dheweke mesti ngehindari interaksi kalihan kanca-kancane. Menawa akeh kancane sing ora seneng marang Fero amarga nganggep dheweke sombong, kait iki ana arek sing gelem ngancani Fero. Dheweke mesem. “Dadi ngene rasane duwe kanca”. Ckiiittt.. bus e mandheg ing ngarepe omah e Fero. “Aku wangsul Ayah, Ibu”. Nyonya Marynka ngrangkul Fero nganthi rapet. “Wonten napa Bu? Ibu ngrangkul aku kayata siktas wangsul saka ngerantau wae” Takone Fero heran. “ Yo kowe ngerti dhewe yen Ibumu iki ancen mesti kuwatir menyang kowe” sahut Tuan Ivan Radislav. “Kowe ora kenopo-kenopo kan Nak? Ora ana sing ero menyang kakuatanmu kan?” Ibu Fero ngelus rambute Fero alon-alon. “Aku mboten nopo-nopo Bu, Aku musti saged njaga awakku dhewe”. Fero mlebu menyang kamare. Saka adoh disawange foto keluarga ing ndukur meja, dheweke ngarahake tangane marang foto kuwi. Foto kuwi melayang lan rutuh ing tangane Fero. “Sakjane biyen aku ngekei weruh opo sing bakal kedadeyan, menawa saiki Mas isih ana ing kene mbarengi aku”.
Ganti dino, kaya biasane Fero budal menyang kampus. Ing tengah dalan, dheweke kaya gelut kalihan pikirane dewe. Ing njero pikirane, Fero ndeleng kanca-kanca anyare mulai benci marang dheweke, lan hal sing paling diwedeni Fero yaiku kelangan. Fero wedi yen Leverett, sahabat mung siji sing diduweni bakal ngedoh. Ing wayah Fero teko, suasana kelas dadi hening lan kanca-kanca sak kelas padha ndeloki dheweke . Leverett narik tangane Fero menyang njoboe kelas. “Yen sampeyan arep ngedohi aku monggo, aku wes biasa dhewean. Aku yo ora gelem sampeyan dadi korban Lev” Leverett ngrangkul Fero.”Ora Fer, aku percoyo marang sampeyan. Aku luwih milih dadi korban tinimbang kelangan sahabatku” Fero lan Leverett mesem . “Dadi sampeyan tenanan pindahan saka Dagestan? Opo o adoh-adoh menyang Moskow?” Pitakone Leverett penasaran. “Hmm.. mulane Ayahku kerjo dadi peneliti ing Pegunungan Caucassia, dadi aku lair lan gedhe ing Dagestan. Nanging amarga masalah kesehatanku, Ayahku ngajuake proposal supaya dipindah tugas menyang pusat ing Moskow” ujar Fero. “ Ah ngunu toh. Masalah kesehatan opo Fer? Sampeyan duwe penyakit serius?” Fero ngadeg. “Amarga aku percoyo marang sampeyan, aku iso ngekei weruh “ Fero ngarahake tangane menyang botol sing adoh saka nggene ngadeg, botol kuwi melesat cepet lan rutuh ing tangane Fero kaya ana magnet ing tangane.” Aku ora mimpi kan?” Ujar Leverett kalih nguceki mripate. “ Yo, sampeyan ndeleng dewe kan? Kuwi kemampuan anehku, yaiku telekinetik lan iso ndelok masa depan” Leverett kaget. “ Opo?! Mulai kapan sampeyan duwe kemampuan iki? Lan yaopo carane?” Fero lungguh nyilangake sikile kalihan nyritakake masa lalu kelame sing isih kerekam jelas ana ing benak e.
Nalika Fero isih umur 9 taun, dheweke lan Mas e dolan menyang alas ing Pegunungan Caucassia. “Mas, Ora opo-opo ta yen kita dolan menyang njero alas? Jare Ayah lan Ibu bahaya” Vladimir ngguyu kepingkel-pingkel.”Hahahaha..kowe iki wedian se Fer! Ora opo-opo kok,tenang wae”. Vladimir mblayu “Ayo uberen aku”. Fero nguber Mas e sing mblayu banter menyang njero alas. Sawise mblayu adoh, Fero lan Vladimir bingung ndeleng sekelilinge sing kapenuhan kalihan wit-witan gedhe. “Mas iki ndek endi?” Fero nangis keweden. “Aja wedi Fer, maringunu pasti kita bisa nemu dalan menyang omah”. Moro-moro butiran-butiran banyu rutuh saka langit, Mas lan adik kuwi cepet-cepet ngiyup ing njero goa sing ana ing tengah alas. Sawise srengenge mulih menyang peraduane, keadaan goa dadi peteng. Fero ndeleng ana cahaya terang saka njero goa, dheweke nggolek weruh teko endi sumber cahaya kuwi. Tibae ana obor sing gumantung ing tembok goa, nyala genine ancen ora biasa yaiku warna biru. Nalika Fero arep njupuk obor kuwi, tangane kenekan sulutan geni. “Aaaahh!!” cepet-cepet Fero narik tangane. “ Kowe ora opo-opo Fer?” Vladimir ngelus tangane Fero sing catu. “La..Lara Mas”
Awan ireng akhire ganti dadi ewuan bintang sing ngehiasi langit ing wayah bengi. Langkah demi langkah dheweke susuri kanggo nggoleki dalan menyang omah, saka walike suket ana kilauan kebiruan. Kilauan iku nggawa rasa penasaran marang Fero lan Vladimir. Dheweke nemu kothak sing kira-kira umure wis atusan taun, kuwi katon saka debu kandhel sing nempel ing kothak kasebut. Moro-moro Fero tibo amarga ngerasa ngelu kaya ana bayangan sing sak kelebatan liwat ing pikirane. “Aja! Aja dibuka Mas! Kothak kuwi bahaya!”
Fero narik tangan Mas e lan cepet-cepet mbuwang kothak kuwi. . “Ana apa seh Fer! Kowe iku mek keweden. Mangkane kowe mikirno sing aneh-aneh”. Fero meneng, ora wani mbantah omongane Mas e. Vladimir mbuka kothak kuwi, akeh bayangan ireng metu saka njero kothak. Amarga kaget Vladimir langsung spontan nutup kothak e. Dadane Vladimir kerasa seseg lan lara kayata ana atusan panah sing ngehujam jantunge. “Aaahhh..lara Fer!” Dheweke njerit amarga kelaran. “Maaass!!” Fero keweden ndeleng Mas e sing sekarat. Amarga krungu jeritane Fero lan Vladimir, Nyonya Marynka lan Tuan Ivan mblayu marani anak-anake. “Fero!Vladimir! Ana opo iki Nak?” Pitakone Nyonya Marynka. “ Mending Kita gawa Vladimir menyang rumah sakit dhisik” ujar Tuan Ivan.
Sawise ana ing rumah sakit, Dokter angkat tangan ora sanggup ngobati penyakit langkae Vladimir sing ora ana penyebab e. Ora suwe Vladimir seda ing umur 11 taun.
Kedukaan lagi diliwati marang kaluwarga Radislav, utamane Fero sing ngerasa dadi penyebab sedane Vladimir. Wis sak wulan saka dina sedane Vladimir, Fero nggerak-nggerakke tangane marang barang-barang sing ana ing omahe, Barang-barang kasebut langsung melayang menyang arahe Fero. Wong tuwane Fero kaget amarga gak sengojo ndeleng anak e duwe kemampuan telekinetik, “Ayah Ibu! Aku nduwe kekuatan!”. Ayah lan Ibu Fero podo delok-delokan lan ngerasa bingung. Sawise pirang-pirang wulan, Ayah lan Ibu Fero mulai paham marang kemampuan ajaib sing diduweni anake. Akhire wong tuane Fero mikir supaya Fero iso adaptasi kalihan lingkungan anyar lan ngelalekake kedadeyan-kedadeyan ing Dagestan.
Fero tangi saka nostalgiane. “Dadi ngunu Lev, aku yo ora ngerti kekuatan iku gara-gara opo?”. Leverett nopang dagune kalihan mikir.”Hmm.. ngerungokno critomu aku malih kelingan kalihan mitologi Yunani sing kedadeyane ana persis ing critomu Fer. Mungkin ae seumpamane dihubungno kita bisa nyelidiki penyebab kekuatanmu kuwi”. Fero isih ora yakin kalihan pendapate Leverett sing menurute Fero ora masuk akal. “Opo iyo iso legenda kuno Yunani dihubung-hubungake kalihan masa laluku?” .Leverett geleng-geleng kanthii mesem. “Yo iso ae toh, Kita kan yo ora ngerti. Critane iku tentang Dewa Prometheus sing nduweni kekuatan iso moco masa depan Fer, Dewa Prometheus iku becik sanget. Saking tresnane kalihan Manungsa , dheweke rela nyolong geni pengetahuane Dewa Zeus ing Gunung Olympus. Lan sampeyan ngerti opo hukumane? Ditaleni ing Pegunungan Caucassia, jantunge dipangan mentah-mentah menyang elang. Saben bengi jantunge cukul maneh, dadi bayangno bendina dheweke ngerasakna larae jantung dicabik-cabik. Kuwi suwene puluhan taun loh. Sampek akhire diselametake kalihan Hercules. Dadi kesimpulane kekuatanmu kuwi pasti ana hubungane kalihan Dewa Prometheus, panggonane wae padha, kekuatanmu yo padha toh? Lan aja lali geni” Ujar Leverett.
Wit maple ing ngarepe omahe Fero nduduno semburan warna kuning lan abang sing endah, ngelambangake kebahagiaan kaluwarga Radislav. Saka walik e jendela Fero lan Leverett ngombe coklat panas sinambi nyawang Wit maple sing ngadeg wis suwe nanging isih tetep kokoh masio kudu ngliwati musim-musim sing ora cocok kanggo uripe lan uga bisa ngakibatake kematian. “Lev, sawise tak pikir-pikir sampeyan bener. Aku ora oleh nyerah, ngelalekake masa lalu tambah nggarai catu ing atiku tambah gedhe. Aku kudu iso mbenerake kesalahanku sing biyen, Ayo mene kita budhal menyang Dagestan” Ujar Fero semangat, Leverett mesem. “Opo? Menyang Dagestan? Ora Fero! Ibu ora setuju kowe mbalik menyang kunu” Fero nggegem tangane Ibune kalihan mohon-mohon supaya diijinno. “Bu, niki pertama kaline aku bener-bener kepengen ngelawan rasa wediku.Tolong Bu” Leverett ora bisa nahan ndelok kepengenane sahabate sing ditentang mentah-mentah marang wong tuane. “Nyonya Marynka lan Tuan Ivan, tolong izinaken Fero sakniki. Niki penting kanggo masa depan e Fero. Dheweke ora bisa terus-terusan ngerasa bersalah kalihan masa lalune” Tuan Ivan ngelus rambute Fero lan Leverett kanthi alus.”Ati-ati ya ,Dagestan iku adoh. Menawa butuh opo-opo telepon Ayah Ibu yo?” Fero lan Leverett  mencolot kesenengen “wuhuuu! “
Sesuke Fero lan Leverett pamit marang wong tuwane ing bandara. Tuan lan Nyonya Radislav ngerangkul Fero kalihan netesake banyu motone. Sementara iku, Tuan Dominik uga ngucapake salam perpisahan marang Leverett. Leverett lan Fero cepet-cepet munggah ning pesawat . Nalika tutuk ing Dagestan, Fero lan Leverett langsung budhal menyang omah lawase Kaluwarga Radislav. Fero ndeleng kahanan ing sekitare kalihan ngiling-ngiling masa lalune, Leverett ngelus bahune Fero kanthi mesem. Omah lawas kuwi kayune mulai rapuh dipangan wektu,  godhong-godhong numpuk ing ngarepe omah. "Ayo ndang munggah menyang gunung Fer" ajak Leverett. Fero ngangguk. Wit-witan kang jejer-jejer ing alas ngilingake Fero kedadeyan 9 taun kepungkur,  tatapan mripate sing sayu nrenyuhake ati. Fero lan Leverett mlebu menyang Goa sing tau ditekani Fero kalihan Vladimir. "Ana endi obor sing sampeyan temuake biyen? " Fero nuding menyang tembok Goa, Leverett ndeleng obor sing wis mati. "Genine kok mati? Biyen isih murup kok genine! " Fero bingung. Leverett njupuk obor kuwi, dheweke kaget amarga ing obor ana simbol-simbol Yunani kuno. "Fer! Iki tenanan obore Dewa Prometheus! Dadi bener menawa kekuatanmu kuwi asale saka obor iki" Fero kaget ora percoyo. "Dadi kedadeyan iku tenanan ana hubungane kalihan mitologi Yunani? ". Leverett ngangguk. "Saiki ayo kita nggoleki kothak sing dibuka menyang Mas mu". Fero lan Leverett mblayu menyang panggonan nalika Vladimir mbuka kothak misterius. Fero njupuk kohtak sing sempet dibuwake biyen,  Leverett ngusap debu sing nempel ing kothak kuwi. Ana ukiran huruf P lan huruf-huruf Yunani ing kothak kuwi. Sawise mikir suwe Leverett nemu jawaban saka penyakite Vladimir. "Yaampun Fer! Aku kait iling yen ing mitologi Yunani ana ceritone kothak kuwi. Iki isih ana hubungane kalihan Dewa Prometheus,  aku tau maca ing buku ana wong wadon pertama sing diciptaake dening Dewa Zeus . Jenenge Pandora, dheweke diciptaake kanggo ngelaksanaake siasate Dewa Zeus yaiku mbales dendame marang Prometheus. Pandora kuwi rabi kalihan dulure Prometheus yaiku Epimetheus,  ing dina pandora rabi Dewa Zeus maringi hadiah kothak iki. Prometheus wis ngelarang Pandora mbuka kothak kuwi amarga ero opo sing bakal kedadeyan, nanging Pandora penasaran karo opo sing ana ing njero kothak. Nalika dibuka saka njero kothak kuwi metu macem-macem kealaan kayata penyakit lan penderitaan sing njangkiti umat manungsa, nanging ana 1 sing isih dikurung Pandora ing njero kothak kuwi yaiku pangarep-arep .  Nah, Penyakite Masmu kuwi iso ae gara-gara kealaan sing ana ing njero kothak pandora kuwi. Dheweke langsung nutup kothak kuwi sawise kealaan kuwi metu kan? Iku berarti isih ana siji sing kekurung ing kothak pandora iki". Sawise ngerungoake critane Leverett,  Fero sadar yen dheweke ora oleh nelangsa amarga kekuatane, nanging yaopo carane dheweke kudu bisa nggunakake kekuatane kanggo wong akeh. Fero njupuk kothak pandora sing dicekel Leverett kuwi, dibukae alon-alon kothak kuwi nganti ana cahaya putih murup saka njero kothak. Ya kuwi siji pangarep-arep sing isih kekurung ing njerone kothak pandora. Fero yakin dheweke iso manfaatake pangarep-arep kuwi kanggo kepentingane wong akeh. Esem ing praupane Fero lan Leverett  kayata nggambarake kebahagiaan. Sawise mbalik menyang Kutha Moskow, Fero ora wedi malih marang kekuatane. Dheweke mulai ngerubah polah pikirane sing awale ora gelem nggunakake kekuatane, dadi nggunakake kekuatane kanggo uripe wong akeh. Fero ngerasa uripe dadi luwih bermakna lan bahagia,  ora diwedeni rasa bersalah. Dheweke uga ora ngehindari interaksi kalihan kanca-kancane malih,  saiki kanca-kancane malah tambah kagum ana bocah sing ngganteng, pinter, lan istimewa amarga kekuatane sing bisa mbantu wong akeh kaya Fero.

Judul standar - Antologi CerkakTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang