Wong pacaran mestine karepe njaluk sing temenan, ora mung main-main. Kabeh dilakoni kanggo nyenengake pasanganne. Arep nganti tibo nangi mesti bakalan dilakoni Ben pasangane bunggah.
Jati... Nyambut gawe awan bengi, ora peduli panase srengenge , ademe banyu udan, Kabeh dilakoni kanggo nyenengake pasanganne Naura.
Pancen sing jenengane pacaran Karo wong sing sugih ki kudu kuat ati, kuat diece, kuat di bandingke , nanging opo Jati peduli. Ora!!!! Selama Naura iseh karep karo deweke Jati ora peduli yen deweke dipidak-pidak, diece sak kemenge.
" Na.. aku lho yo gak bisa nek kon nuruti kekarepanmu sing meh arep mlaku-mlaku pas dino kerjo Na!!"
" Lha Kowe ki sayang opo ora karo aku??? Masak ming ngeterke jalan-jalan we gak isoh!!" Naura ki sifate ngono kui, opo kekarepane kudu dituruti. Kayake efek nek dekne kui anak tunggal seko juragan toko bangunan.
" Lho aku isoh dipecat Na!! Aku wes pirang-pirang anggone bolos ora kerjo lho!"
" Opo susahe!!! Pecat yo tinggal golek liyane!! Iseh akeh kok gawean liyo!!" Naura ngomonge sinis kae, alah karang wong ora tau rekoso yo dadine senengane nyepelekno ngono kui.
" Golek pagawean kui ora gampang Na!! " Jati kurang sabar kepiye maneh karo wedokan Iki....
" Hahh pokoke aku njaluk diterno jalan-jalan, meh arep healing aku!!!"
" Yo wes Tek arep healing nang endi to??"
" Hutan Pinus!" Naura jawabe sengak ora ngepenake kuping.
*****
Arep koyo ngopo usahamu, Nek pancene ming sesisih sing usaha ora bakalan maju.
Naura, wanita sing diperjuangke mati-matian geneo malah medhot janjine lan gandeng karo koncone Jati dewe. Kuciwo jelas, loro ati??? Rasah ditakoni, Jati nganti wes gak due arah urip saiki.
Wong tuwo ngendi sing bakalan lilo Yen anak lanange nganti koyo ngono!! Mugakmen wong tuwane Jati jodokake dek'e karo wedokan liyo.
Arane Hanum Anisa Safitri, guru SD Ning sekolah Muhammadiyah.
Sak durunge kui tak kei ngerti pagaweane Jati, dewekke kui dadi juru masak ing restoran.
Ups! Gambar ini tidak mengikuti Pedoman Konten kami. Untuk melanjutkan publikasi, hapuslah gambar ini atau unggah gambar lain.
Lha Iki Bu Hanum Anisa Safitri... Ayu tho??? Editan sendiri mohon jangan dihujat.....
Jati nerimo wae dijodohake Karo Hanum. Naura??? Ahhh Jati terakhir ketemu jare wes meh arep bayar tukon. Jati karo Hanum nikah 5 sasi sak wise ketemu. Jati saiki gek bingung, deweke Karo Hanum bener-bener berjuang berbarengan. Seko tuku lemah kanggo gawe omah, Kabeh dilakoni kanthi nyicil tanpo ngerepotke wong tuwo. Padahal wong tuwo e Hanum kui juragan lemah, ning Jati ora nerimo pas arep diwenehi bagian nggo gawe omah.
4 sasi sak wise nikahan Karo Hanum, omah sing di gawe wes dadi, Ojo mikir bakalan langsung dadi omah sing apik, omahe isih lantai semen kasar, tembokke iseh bata merah, jendelane iseh Ono sing Ming ditutup triplek. Ananging Hanum wes gelem di Jak Urip Ning omah kui.