Lilo

432 20 21
                                    

Ini bahasa Jawa... Silahkan di skip kalau gak paham bahasa Jawa.

" Kepiye kelanjutan awake dewe nduk??"

" Kulo namung manut kalih keputusanipun sampeyan!"

" Aku ora isoh berjuang bareng awakmu meneh nduk! Bapak karo ibu ora ngerestoni awake dewe, Nek tak pekso mlaku terus , awakmu mesti kelaran amarga sikape wong tuwoku, aku njaluk pangapuramu yo nduk, sak jembar-jembare atimu"

" Badhe kepripun malih mas, menawi kados mekaten, kulo ugi mboten saget mekso!! Mugi sampeyan nemoni pengganti ingkang luwih sae ketimbang kulo ingkang kathah kekirangan meniko"

" Ojo ngomong ngono nduk, awakmu kui wong sing paling apikan sing tau tak kenal!"

Undangan pernikahan disodorke Ning meja iki, gawe senyum sendu, wahhh.. wes seadoh kui jebule jarake antara de'e karo pria ning ngarepe Iki. Dipikir mung mergo restune wong tuwo, jebule marga ono tresno liyane uga.

" Sing gede pangapuramu yo nduk, aku wes di jodohke karo putrine kancane bapak, sak tenane aku ke pekso nanging kepiye maneh.!"

" Mboten punapa mas, insyaallah kulo sampun lilo, kulo nggih sadar posisi kok mas, keluarga kulo kalian keluarganipun sampeyan niko tebih sanget perbedaanipun!"

" Aku ora isoh suwe-suwe ya nduk, dingapura tenan, awake dewe wes cukup tekan semene"

" Njih mas, Kulo sampun ikhlas sak estu, mboten punapa."

" Teko ning nikahanku ya nduk"
" Kulo usahake mas"

Katoke ikhlas nanging sesek ning dada, ketoke lilo nanging tetep marake tetesing banyu mata.

Arane Hesya Ratri N , gadis sing nembe wae di pedhot talining asmara dening pacare.

Milih mlaku-mlaku ing alun-alun kanggo ngelerem rasane atine kang ajur mumur, arep kepriye maneh?? 3 tahun ora cukup kanggo Hesya mlebu keluarga besar Cokrodiningrat

Ups! Gambar ini tidak mengikuti Pedoman Konten kami. Untuk melanjutkan publikasi, hapuslah gambar ini atau unggah gambar lain.

Milih mlaku-mlaku ing alun-alun kanggo ngelerem rasane atine kang ajur mumur, arep kepriye maneh?? 3 tahun ora cukup kanggo Hesya mlebu keluarga besar Cokrodiningrat. Keluarga sing mentingake pangkat kanggo milih pasangan. Salahe dewe, wes ngerti ora bakal diterima nanging de'e isih mekso berjuang. Nek akhire de'e kelaran, kui amarga sikape dewe, sing kekeuh arep nggapai restu Seko keluarga pacare mau.

Nyatane kepiye?? Nyatane de'e tetep kalah Karo wadonan sing derajate sepadan karo keluarga Cokrodiningrat. Sak nyatane de'e wes ngerti ket wingi-wingi nek pacare kui mau gandeng karo wadonan liyo.

" Aku tresno karo kowe, nanging kowe tresno de'e, aku sayang kowe, nanging kowe sayang de'e, uwis tak lilakno, wes Kono lungo'o sing adoh seko uripku"

Lagu sing dimainke, kang ngumandang ing alun-alun soyo nambah perihe atine Hesya.

" Matane!! Nek mlaku ki mbokyo di amatke!" Suara sing jelas dikenali karo Hesya, suara kang dikangeni karo Hesya.

" Nak yo ora ono sing lara to Sa??" Wong mau mbolak-mbalik awake Hesya, ngecek kondisi Hesya kang nembe wae ditabrak karo wong sing lewat nganti meh tibo, untunge ora tibo temenan amarga di tangkap karo wong kui mau.

" Mboten kok mas, mboten wonten ingkang sakit!" Balase kanthi senyum.

" Tenanan lho?? Nek ono ayo tak terke ning klinik!" Ajake.

" Mboten mas, cuma butuh duduk mawon"

Hesya karo wong kui mau langsung menuju salah sawijining kursi terus lungguh sesandingan.

" Piye hubunganmu karo si Cokro Cokro kae??" Wong kui mau Takon nganggo nada sinis, ketara banget ne ora seneng Karo Cokrodiningrat.

" Kepripun malih mas, sejak awal kulo ingkang mekso, meksake keadaan, padahal kulo piyambak mangertos menawi antara kulo kalian mas Marvin mboten saget dados pasangan, jarake antara kulo kalian mas Marvin tebih sanget" Ragane pancen ngguyu nanging bathine nangis.

" Halah!! Bebet, bibit, bobot, intine ming tek golek sing ketoke sepantaran status sosiale! Lha kowe yo goblok, ndadak ngaku wong ra due barang, jajal nek wong tuwane mau ngerti nek kowe keturunan Mangkunegoro, bakalan di apik-apiki awakmu!!"

" Hehehehe kan niatipun kulo keluar saking daleme ibu kalian romo memang untuk mencari cinta sejati"

" Cinta sejati, cinta setah....i sing mbok temoni!"

" Ihhh mas,  panjenengan menawi ngendikan saru!!" Yo kepiye ,tutur katane ora lembut, Nek sak nyatane Hesya uga keturunan ningrat nanging milih ngerahasiake statuse.

" Didawuhi romo kon bali, gelayar wae, Ra eling omah jarene!! Ehh dek!! Kowe arep dirabekno !! Sokor!!!! 😅😅😅😅😂😂😂😂" nah, wong kui mau sak nyatane arane Dion Setya Notonegoro, kang mas kandunge.

" Ihhh mboten purun kulo, emohhhh!!"

" Calonmu guanteng lho dek, lulusan luar negeri lan sing paling penting!!! Romo karo ibu wes akrab karo calonmu uga calon mertuamu!"

" Lha??? Kan ingkang akrab ibu kalian romo sanes kulo, nyuwun ngapunten sak estu, menawi kulo njih milih mlipir mawon, kulo badhe pados calon suami ingkang sesuai kalian tipenipun kulo!"

" Heleh!! Mbel geduwel prutttt!! Lehmu golek entuke sing koyo kirik ngono kok!! Pikiren wae dek, Nek de'e Seko awal serius Karo awakmu setidaknya de'e bakalan berjuang bareng awakmu! Ora Ming unine berjuang bersama-sama tapi nyatane ming awakmu sing Kon berjuang Dewe!"

" Lajeng kepripun?? Niki sak estu Romo ndawuhi kulo wangsul??"

" Lha Yo Iyo tho!! Ayo bali, sesuk calonmu meh moro!"

" Mas ihh, guyonanipun mboten lucu!"

" Lha sing geguyon yo sopo?? Wong aku ngomong opo anane!"

" Hah!! Kulo kedhah wangsul sak niki tumut sampeyan??"

" Iyolah! Ayo ndang bali, ibu nangisi awakmu wes koyo ditinggal pirang-pirang tahun!"

" Halah, ibu niko sok berlebihan!"

" Lak yo ibumu tho!"

" Ibunipun sampeyan ugi to??"

*******
" Nduk, rungokno lehku ngomong Yo cah manis!"

Keluarga besar Mangkunegoro nembe ngumpul Ono ing pendopo , sambi ngeteh uga maem camian.

" Romo badhe ngendiko punapa??" Suara Hasya kui Alus, tutur bahasane uga ketoto. Bedo banget mbek aku sing ngomong e Ngoko kasar!

" Ngene lho nok, aku karo ibumu mbiyen nate duwe janji karo konco sekolah, Yen mbesok duwe anak wadon karo lanang bakalan di jodokake, rah dene anakke koncone ibu uga romo kui lanang, dadi yo ora mungkin yen tak jodokake marang kang masmu, mulo'o, awakmu sing bakalan di jodokake marang putrane koncone ibu uga romo!"

" Nyuwun ngapunten sak derengipun romo, menawi panjenenganipun mboten keberatan, Kulo badhe tangklet asmanipun rencangipun panjenengan!"

" Awakmu wes kenal karo calonmu, kan asmane calon Moro tuamu kui Seko keluarga Atmojo!"

Hasya ora isoh nutupi roso kagete, Atmojo?? Kok koyo kenal, kui koyo konco SMP ne mbiyen!! Opo benar kui Atmojo sing Podo?? Opo bedo uwong??

TBC

Mataku masih belum sembuh dari sakit akibat kelebihan protein, dan rasanya perih, maaf yaaa book disini benar-benar terbengkalai, aku usahain buat update tipis²...

Oneshoot  gsTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang