Ups! Gambar ini tidak mengikuti Pedoman Konten kami. Untuk melanjutkan publikasi, hapuslah gambar ini atau unggah gambar lain.
" Kok koyo kenal, Ning opo bener kui wong sing podo??" Batin Hesya pas weruh wong sing nembe lungguh Ono ing pinggir kolam renang sing ono ing daleme ramane.
" Permisi mas, nuwun sewu......"
Wong mau kae noleh langsung ngenehi senyum sumeh kang bener-bener isoh gawe wedokan ngendi wae kesemsem.
Ups! Gambar ini tidak mengikuti Pedoman Konten kami. Untuk melanjutkan publikasi, hapuslah gambar ini atau unggah gambar lain.
Wong kui uga langsung narik kursi sebelahe kanggo lungguh Hesya.
" Wahhh.. wes suwe ra ketemu tambah ayu ya Sa?? " Hesya mung isoh ngguyu, nanging bathine isih berfikir keras, ngeling-eling sopo sak jane pria ing ngarepe iki.
" Tak jedek awakmu lali karo aku??"
" Nyuwun ngapunten njih mas, sak estu kulo mboten kemutan panjenenganipun meniko sinten!"
" Kaku banget to Sa!! Mbok yo sing santai wae!"
" Mboten saget mas, sampun setelan pabrik ngoten niki!" Jawab Hesya kanthi esem kang ora nate luntur seko mau.
" Eling Karo aku ora Sa?? Mosok ora kelingan babar blas?? Padahal mbiyen nate janji ora bakalan rabi nek ora karo aku!!"
" Nek tak delok seko raut wajahmu ketoke cen lali!! Yo wes ora popo tak kenal ke awakmu meneh... Iki aku Sa... Septian Hadi Atmojo, wes kelingan durung??"
" Massyaallah.... Mas Tian... Astaghfirullah... Nyuwun ngapunten sak estu njih mas, mboten ngenali panjenenganipun"
" Ehh..eh..eh!! Ora masalah Sa... Santai wae lho!! Wajar Nek ora kelingan, wong aku gur sekolah 2 sasi dek nu kae, banjur pindah nderekake bapak lan ibu!"
" Hahaha.. injih njih mas, panjenenganipun namung sekedap anggenipun sekolah, lajeng pindah teng pundi panjenenganipun??"
" Aku pindah ning Bandung awale, nanging pas bar lulus SMA sekolah ning luar"
" Wahhh.. hebat njih panjenenganipun!"
" Dadi piye Sa?? Awakmu opo gelem sesandingan karo aku??? "
" Kulo tumut kersanipun Romo ugi ibu mas, sak derengipun kulo nate milih piyambak, sak nyatane malah kuciwa ingkang kulo temahi!"